Monday, February 1, 2010

SOPO SENG PALING NEKAT??

Klub Perboyo arep maen nang Bandung, nang kandange klub Persiban. Dadi ceritane ngunu klub Perboyo arep tanding “away” nang Bandung. Kanggo ndukung klub kesayangane, suporter-suportere Perboyo seng jenenge Bonnex podo ngumpul nang stasiun Semut. Sebagian yo onok seng nglumpuk nang Gubeng. Pokoke jumlahe uakeh, ewon. Kabeh anggotane Bonnex podo nggawe kaos warnae ijo murup. Nah, diantarane Bonnex-Bonnex seng lagi ngenteni sepur iku, ono Bonnex loro seng lagi asyik ngobrol. Jenenge Cak1 ambek Cak2. Cak1 ambek Cak2 ngobrol, sombong-sombongan, sopo sak temene seng paling nekat antarane arek loro iku.

Cak1 : Aku pas budal nang Tangerang disek iko, aku lungguh nang ndukure ndase
sepur, ijen. Arek-arek gak onok seng wani, aku ijen. (Cak1 metu sombonge).

Cak2 : Koen Cak1, ngunu thok ae sombong. Koen gak ngerti a, aku nang njero
ndase sepur. Aku seng nyetir sepur iku, masio talah aku nyetire ngawur. (Cack2 emoh kalah).

Cak1 : Temen a Cak2, lha masinise kok apakno?.

Cak2 : Yo gak tak apak-apakno Cak1, wongw tak kongkon mitei aku.

Cak1 : Ebak koen Cak1. Tapi seng pas muleh teko Semarang iko, aku lho dijaluki
tiket. Langsung ae wonge tak pisuhi, tak jak gelut ambek aku. Wonge yo njegidhek thok ae.

Cak2 : Aku ngunu tambah nemen. Lha wong aku dijaluki tiket, langsung ae wonge
tak jrungkakno teko sepur. Ketang ae rotoh nang kali, dadine yo slamet. Coba’ rotoh nang gragal-gragal, emboh wes dadi opo wong iku.

Cak1 : Tau yoan, ono wong dodol asongan. Tak jaluk kabeh rokoke, tak purak karo
arek-arek.

Cak2 : Koen agk mesisan koyok aku. Rokok seng disedot wonge tak jaluk pisan. Tibae rokoke kretek, rasane gak enak pisan. Tak icak-icak ngantek elek. Mari tak icak-icak, sandal jepitku pedhot Cak1. gak ngurus wes, sandale wonge tak jaluk pisan. Babahno masio kegedhen, seng penting sandalan timbang nyeker. Mari rokokan, goro’anku ngelak. Yo wes, ono wong dodol banyu mineral tak purak pisan ambek arek-arek.
Cak1 tenger-tenger ngrungokno ceritane Cak2.

Cak1 : Tapi seng paling nekat yo aku. Pas maen nang Jakarta, aku lak gak iso
melbu stadion a. Maringunu aku golek tunutan nang Monas, tak penek Monas iku Cak2. Iso a koen koyok ngunu?. Dadi aku ndukung arek-arek teko pucukwe Monas. Aku sempat dikongkon mudun karo wong-wong, dikiro wong sempel arewp bunuh diri.

Cak2 : Ketok ta nontok bal-balan teko pucuke Monas?.

Cak1 : Yo opo carane Cak2. aku nyolong teropong. Aku lak gak kelangan akal a.

Cak2 : Hebat koen Cak1. Tapi koen gak eroh kenekatanku. Pas maen nang Tambaksari, aku yo ngunu gak iso melbu, wes dibe’I arek-arek stadione. Seumpomo menek, nduwur yo wes bek arek-arek. Akhire aku nggolek tunutan trek nang Juanda.

Cak1 : Lapo koen nang Juanda Cak2?. (Cak1 penasaran).

Cak2 : Aku nggandol nang buntute montor molok. Pas montor molok’e liwat ndukure Tambaksari, aku ngrotoh Cak1. Dadi yo koyok Arnold Suasanasegar seng nang film Commando iku. Ngerti gak Cak1, aku kesangsang nang ndukure wit. Semaput aku Cak1. Menene ngunu baru aku sadar. Kurang ajar…..Aku paleh gak ero yo opo balbalane.

Saking enake ngomong, Cak1 karo Cak2 gak eroh nek sepure wes teko, arek-arek wes podo numpak. Cak1 karo Cak2 mluayu buanter tapi gak nututi. Malah Cak1 kesandung watu, tibo sampek irunge mimisen.

Cak 2 : Yo opo Cak1, sido budal ta gak iki?.

Cak1 : Yo tetep budal Cak2, wis nanggung iki. Gak ero tah irungku mimisen iki?.

Cak2 : Terus numpak opo Cak1?.

Cak1 : Wes nekat, mlaku ae yo opo?.

Cak2 : Yo gak opo-opo, ayo. Tapi koen ngerti dalane a?.

Cak1 : Ngunu ae athek dipikir. Teko ngetotno rel iki ngara gak tutuk nggone a. seng pinter ta dadi Bonnex.

Cak2 : Yo wes ayo.

Akhire arek loro iku seglang-segleng mlaku bareng. Dadi sopo seng paling nekat?, yo emboh pikiren dhewe.